Deskripsi Kota Tegal dengan Bahasa Tegal



Tugas Komunikasi Olahraga
Daerah Tegal



IMG_9801.JPG


Nama : 1. Salman Alfarisi (14603141003)
              2. Queen Syafaati Hakiki (14603141015)
                                                                        

                                      Fakultas Ilmu Keolahragaan
                                     Universitas Negeri Yogyakarta
                                               Tahun 2014/2015

Tegal Laka-Laka
           
Kota Tegal merupakan salah sijine daerah sing nang provinsi Jawa Tengah, posisi Tegal nang provinsi Jawa Tengah kue nang daerah pesisir lor pereke perbatasan antara provinsi Jawa Tengah karo Jawa Barat. Kota kiye termasuk daerah karesidenan Pekalongan.
            Tegal dibagi dadi 2, kabupaten karo kota Tegal. Kabupaten Tegal duwe luas wilayah luih gede sing Kota Tegal, luase sekitar 879,70 km2 sing daerahe dibagi 18 kecamatan, diantarane kecamatan Bumijawa, Bojong, Margasari lan liya-liyane. Aring Kota Tegal kue due 4 Kecamatan. Kecamatan Margadana Tegal Timur, Tegal Selatan karo Tegal Barat. Kota Tegal dewek nduwe luas sekitar 34,5 km2 tok sing luase ora sepira dibanding kabupatene.
            Tegal laka-laka semboyan kota kiye, maksud laka-laka kue nduweni arti kota sing laka kembarane atau mung siji sijine nduweni khas laka-laka kue salah sijine bahasa sing dinggo wong Tegal. Wong Tegal kue terkenal karo wong luar kota karo bahasa ngapake. Bahasa ngapak kue bahasa jawa ngoko sing kosakata bahasane diubah ubah sekarepe dewek. Sing ndadekna lucu embuh sing endi lucune wong luar nganggep lucu. Padahal bagi wong Tegal kue bahasa sing biasa bae. Padahal ya, bahasa ngapak nemen kue anane nang daerah, plosok daerah sing perek gunung, lah daerah “dewek” kue termasuk daerah mambu-mambu daerah kota, dadi bahasa ngapake esih campur karo Bahasa Indonesia. Tapi seorane wong luar nggembuyuni wong Tegal dudu karna ngina atau  ngenyek tapi  mereka gembuyu gara-gara logate seng lucu.
            Selain terkenal karo logate, Tegal juga terkenal karo budayane. Budaya seng terkenal nang tegal kue wayang golek. Seni wayang golek kie terkenal karena dalange seng terkenal “kocak”  kebetulan dalang kondang kie juga saiki dadi bupati  kabupaten  Tegal sing anyar yaitu dalang Ki Entus Susmono. Selain terkenal wayang goleke Tegal juga terkenal karo kesenian balo-balone. Kesenian kie enggal mirip karo rebana tapi isine syair-syair perjuangan karo guyonan. Sejarah kesenian kie jare kesenian sing nggo nyusun trik. Kesenian kie dienggo nggo ngelabuhi penjajah sing missal nang jero, anak sebagian wong sing lagi nyususn strategi perang, lah singliane nang ngarepan, nembang-nembang lagu balo-balo, dadine dikirane penjajah kue warga-warga Tegallagi santé padahal ya nang jero umah lagi pada mikir keprimen carane ndupak alias ngusir penjajah.
            Ora kur keseniane tok sing ora kalah gras, wisata kuliner Tegal ya ora kalah karo daerah liane. Nang tegal duwe panganan sing terkenal. Moci karo tahu aci. Maksude moci kue nginung teh sing wadahe asale poci tanah liat. Teh neng Tegal rasane ora kalah enak karo daerah liane. Soale Tegal akeh produksi teh asli sing perkebunane langsung lan diolah neng pabrik teh sing ana neng Tegal. Lah tahu aci dewek kue tahu sing ana aci (tepung kanji) dingein godong bawang, terus di goreng.
            Tegal ora mung terkenal ngapake, Tegal terkenal Kota Bahari. Soale Tegal perek laut sing iwake laka-laka neng daerah liane. Mulane perek laut, panganan neng Tegal dominane panganan laut. Ana maning panganan khas Tegal sing namane Soto. Kie soto sing nanggo bumbu tauco. Kie siji-sijine soto sing beda dewek karo daerah liyane. Nah kie sing ora kalah terkenale, nang Tegal lagi umsum ponggol setan, nasi bungkus sing isine sambel goreng tempe super pedes kaya setan. Jare-jare ponggol setan kie sing nemu PNS Tegal sing namane Rahardjo. Dewek wis suwe neng Tegal, tapi konone bapak Rahardjo kie lair neng Yogyakarta. Begitulah kuliner Tegal sing memang laka-laka.
            Nah saiki cerita neng Obyek Wisata Tegal. Tegal terkenal karo daerah pesisire esih perek Gunung Slamet. Ora kalah kaya Bali. Tegal juga duwe pantai. Sing rame terus daning turis tapi saya ngene turise beda. Aring nang bali kue turis luar negeri, tapi nang Tegal kue turis lokal alias mung jakwir-jakwir Tegal.
            Selain pantai nang Tegal juga ana Obyek Wisata air panas Guci. Obyek Wisata sing nawarna pemandian air panas asli sing Gunung Slamet. Banyu panas kie akeh manfaate salah sijine nggo ngilangna pegel-pegel. Dadi Obyek Wisata kiye cocok nemen karo nggo atlit-atlit sing kekeselen karo pegel-pegel. Lan akeh Obyek Wisata liane. Pokoke memang laka-laka Kota Tegal kie. Kota Tercinta sing ndidik karo mbimbing generasi bangsa nganti masa depan sing gemilang. Terimakasih. Salam Ngapak!

Ponggol Setan                         Dalang/Bupati Tegal            Pemandian Air Panas Guci
         

Komentar